Anake Kucing
Dina minggu iki atiku
kurang apik. Kerana, kucingku sing jenenge Catty sedinaan durung bali ana omah.“Bu
Catty napa deren kundur?Catty dereng dhahar saha saweg meteng, ingkang kula
ajrihipun mengke Catty boten sumerap dalan bali!”takonku marang ibu.“wis ta, kowe tenang wae
mengko Catty mesthi bali. Kerana dheweke durung mangan”jawabe ibu karo
nenangake aku. Wayah magrib wis
teka, nanging Catty durung bali ana omah nganti jam 8 wengi. Kerana sesuk
sekolah kepeksa dak tinggal turu.
Subuh-subuh aku tangi, menawi Catty wis bali. Keyata? Catty durung ana bali. Jam
6 aku budhal sekolah lan pesen karo ibu,“Bu menawi Catty bali panjenengan
dhahari nggih bu? Kula badhe budhal sekolah rumiyin.” “ya.. wis!”
7 jam wis keliwat,
pelajaran wis rampung lan wis wayah mulih. Aku cepet-cepet bali, sapa
ngerti Catty wis
bali ana omah. Sampek omah aku langsung melbu kamar, aku kaget banget, kerana
Catty lagi ngelahirake ing sofa ruang tamu. Anake isih methu siji lan ing sofa
akeh banget getih kang ceceran. Aku njerit nyeluk ibu. Ibu teka lan ngongkon
aku njupuk kardus gedhe lan gombal sing akeh. Aku nemu karduse contong kang
gedhene kira-kira sekitar sak meteran lan gombal-gombal. Ibu ngongkon aku
mindhahake Catty saka sofa ing kardus. Sementara iku ibu ngresiki getih kang
ana ing sofa.
Aku nunggoni Catty, sapa ngerti Catty arep ngelahirake
maneh. Dak tunggoni ana setengah jam-an, nanging Catty ora ngelahir-ngelahirna.
Dadi aku tinggal ganthi klambi dhisik. Semarine ganthi aku marani Catty.
Keyata, Catty wis
ngelahirna anak sing ke-2.“kok cepet banget sih! dak tinggal sediluk wae wis ngelahirake, mau dak
tunggoni ora arep ngelahirno.” Pikirku bingung ing ati.
Catty wis ngelahirake 2 anak kucing, anake lucu-lucu lan
resik-resik. Nanging matane durung bisa melek, sikile durung bisa mlaku, lan
durung bisa mangan. Kerana Catty lagi turu karo anak-anake, dadi dak tinggal
turu sediluk. Sore aku tangi lan Catty ora ana ing kardus, sing ana ke-2 anake
kang isih turu. Aku nggoleki Catty keliling omah. Wektu arep methu teka lawang
omah, aku kepethuk Catty nyokot kucing cilik sing arep digawa melbu omah.
Keyata iku anake Catty kang ngelahirake ing jaba omah.
Wengine jam 7 udan teka. Nanging Catty malah methu serta
krungu suarane kucing cilik meang! Meong! Teka cendela. Keyata ana anake Catty
ing jaba kang keudanan. Catty mblayu methu lan cepet-cepet gawa anake melbu ana
omah.“mesakne kucing iki udan-udan ditinggal karo babone”.omongku nang jero
ati. Atiku dadi lega kerana ke 4 anake Catty wis kumpul dadi siji karo babone.
Minggu ke 3, anake Catty wis bisa melekake matane, bisa mlaku,
suarane tambah anter, bisa mblayu, lan bisa mangan sithik-sithik. Kabeh
kucingku dak kei mangan, nganggo sega lan iwak pindhang. Karo makani aku
mikirake jeneng kanggo ke-4 anake Catty. Sing pertama dak wenehi jeneng Pretty,
kerana wadon dhewe lan ayu dhewe, warnane belang telon. Sing ke-2 jenenge
kuntha, kerana gedhe dhewe, warnane putih resik, lan jenise lanang. Sing ke-3
jenenge unyil, kerana awake paling cilik dhewe, warnane ireng putih, jenise
lanang. Sing terakhir dak kei jeneng ucil, kerana lahire terakhir dhewe,
warnane coklat galur, jenise lanang. Kabeh kucingku padha mangan bareng. Anake
mangane mung sethitik sing entekake paling akeh yaiku babone.
Sawise mangan Ucil anak terakhir dhewe, Pencolotan lan bisa
methu saka kardus kang duwure kira-kira
ana 50 centian. Akhire Pretty, Kuntha, lan Unyil nuruti Ucil methu teka kardus
lan mblayu-mblayu keliling omah. Aku digawe bingung karo tingkahe kucing-kucing
iku. Akhire aku mblayu-mblayu nguber kucing-kucing iku, masiha cilik-cilik
nanging mblayune kesit banget. Untunge aku bisa nandingi kecepetanane
kucing-kucing iku. Kerana aku wis
kesel karo tingkahe Pretty, Kuntha, Unyil, lan Ucil kepeksa kabeh dak pindhahna
tempat ing taman mburi omah.
Sesuk isuke wayah aku arep makani lan budal sekolah, kabeh
kucing wis
ora ana ing panggone. Aku bingung ngoleki. Kerana dak goleki ing
kembang-kembang ora ana, kepeksa dak tinggal sekolah.“Bu mengke menawi Pretty,
Kuntha, Unyil, lan Ucil bali panjenengan salap kardus mawon, kula ajrih menawi
disalap teng mburi omah menke ilang.” Pesenku marang ibu sedurunge budal
sekolah.“semaure ibu.
Wayah bali sekolah wis
teka lan kucing-kucingku durung bali-bali sementara Catty lagi mangan awan, lan
ora ana anak-anake. Nganti wayah wengi aku turu Pretty, Kuntha, Unyil, lan Ucil
durung ana bali.
Jam 3 subuh aku tangi, keyata udan teka. Atiku dadi bingung
kerana sekabehe durung mangan, lan isih wedi karo banyu udan. Jam 3 kuwi aku
lungguh ing lawang mburi karo celuk-celuk “pus..?meong,,?” weruh-weruh Pretty,
Kuntha, lan Unyil meang!meong teka nduwur genteng kerana ora bisa mudhun. Aku
kaget banget lan cepet-cepet njupuk kursi gawe njupuk ke3 kucing iku teka
nduwur genteng. Atiku rada lega, nanging ucil durung ana bali. Lan isuke
weruh-weruh Ucil wis
kumpul karo dulur-dulure. Mbangkelake lan nggeregetna ati yen ngingu anak-anake
kucing kang nambeng-nambeng.
Komentar
Posting Komentar
Terima kasih :-)